RAMA LAN SHINTA
Sawijining dina ing kerajaan mantili ingkang kerajaan ramanipun dewi shinta, asmane prabu janaka . prabu janaka ngadhaake saembara sopo sing bias manah paling apik bakal didadekke mantu. Salah sijine paserta sayembara yaiku prabu rama lan rahwana nanging rahwana ora bias ngangkat panah kasebut , lan rama bias ngangkat panah kasebut. Saengga rama bias menangke sayembara lan ngentukke shinta dadi bojone . rahwana ora seneng yen rama bias dadi bojhone shinta.
Ing alengka kuwi kerajaan rahwana,kumbakarna,indrajid,patih
prahasta. Sarpanaka menehi kabar ing rahwana yen ana wong wadon ayu.
Rahwananipun ndang golei wong wadon mau. Kasunyatan putri mau jenenge putrid
kalamarica sing bias ganti wujud apa wae,lan bias ngrubah wujud dadi buta cakil.
Ing alas dandaka rama shinta lan
laksamana iseh ngembara mengertosnipun rahwana lan kalamarica melu ing alas lan
ngincer serta lan godoni shinta. Kalamarica ngerubah wujud dadi kijang mas
ingkang godoni shinta. Shinta deloi kijang mas kasebut langsung ngongkon rama
kanggo nyekel kijang mas kasebut. Nanging kijang kasebut malah mlayu ing jero
alas, lan shinta jaluk rama kanggo ngoyak kijang mau. Lan laksmana tetep karo
shinta. Nanging shinta nesu amarga laksmana ora melu ngoyak kijang bareng rama
ing jero alas . Akhire laksmana nuruti kapinginane shinta supaya ngoyak rama
ing jero alas. Wedi karo kaselamatane shinta laksmana gawe bunderan kanggo
shinta supaya shinta tetep selamet.
Sawise rahwana teko,rahwana jajal
nyedakki shinta lan jajal kanggo nimbus bunderan mau. Nanging rahwana ora mampu
nglewati bunderan mau. Akhire rahwana ngerubah wujud dadi brahmana tuwo supaya
bisa narik perhatian shinta lan jaluk sedekah. Dewekke nyedakki shinta lan
jaluk sedekah,amarga rasa mesakke,akhire shinta menehi sedekah brahmana tuwo
mau. Nalika shinta lagi ngei sedekah,dewekke ditarik mentu saka bunderan mau
landigowo mabur karo rahwana.

Banjur rama ketemu anoman sing nulungi rama nyelametke shinta
lan rama diajak ing guwa kiskenda,ing kono omahe anoman.

Anoman mulai nylametake shinta.
Wonge njaluk sehelai rambut,sing arep diparingki ing shinta,kanggo bukti yen
wonge bener bener utusanerama seng arep nyelematke shinta.
Ing taman Argasoka,ing kerajaan
Ngalengka,Shinta dikancani karo trijata keponakan saka rahwana. Nalika rahwana
njajal mbujukshinta supaya mau dipek bojone. Nanging shinta wegah. Lan nalika
shinta dewekan,anoman mlebu ing taman argasaka kangge nemoni shinta lan
ngekekke rambut rama ing shinta kangge mbutikake nek deknen bener bener
utussne rama kangge nyelamatake shinta. Nanging indrajid,anak saking
rahwana ngerti tekone anoman,deknen ngusahakke kanggo nangkep lan dikekke
ing ngarepe rahwana.
Akhire rahwana mutuske kangge mbakar anoman. Persiapan
dilakokke kanggo mbakar anoman. Wektu iku pumbakarno,saudarane raahwana
nglindungi anoman seng ameh di bakar rahwana. Nanging niyate iku ora berhasil
amarga dialangi karo kumbakarna.
Nalika pasukane rahwana mbakar
anoman,jebule anoman ora mempan dibakar kanggo geni. Malah justru anoman
ngrebut obor geni seko tangane rahwana kanggo buntute lan geni kuwi digo
dolanan anoman sakdurunge mbakar kerajaan ngalengka. Pasukan rama mbendung kali
seng cedak kerajaan ngalengka,saengga pasukane rahwana ora bisa opo opo
Perang antara rahwana lan rama
kedadean. Kumbakarna mati dipanah rama nalika ngewangi rahwana ngalahke rama.
Indrajid melu ngewangi rahwana iku mati sisan. Akhire kedadean perang sengit
antara rahwana laan rama. Rahwana mati dipanah karo rama lan deknen dicepit ing
gunung.


Sumber : http://andrewarma.blogspot.co.id/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar